Nulis Teks Laporan Prasaja

 

Nulis Teks Laporan Prasaja

A.    Teknik Nulis Teks laporan Prasaja

Teks laporan yaiku teks kang ngandharake informasi ngenani sawijining kegiyatan kang wis ditindakake. Ana saperangan teknik kang kudu digatekake nalika nulis teks laporan, yaiku :

1.      Nemtokake underaning crita (tema)

2.      Nemtokake kegiyatan – kegiyatan kanga rep di andharake

3.      Kagiyatan – kagiyatan kang idandharake , dicritakake

4.      Laporan kegiyatan uga ngandharake katrangan wektu lan panggonan

5.      Nggatekake tata rakite ukara ( kalimat) lan pada (paragraph) anggone nulis teks laporan.

 

B.     Nggatekake Tata Rakite Ukara (Struktur Kalimat) ing Teks Laporan Prasaja.

Menawa nulis teks laporan kudu nggatekake dhapukane ukara ( struktur kalimat). Ukara kang becik lumrahe nduwe tata rakite pandhapuke ukara kang jangkep, yaiku :

Jejer – Wasesa – Lesan – Katrangan ( J-W-L-K)

·         Jejer (J)            : Wong kang nindakake pakaryan

·         Wasesa (W)     : Pakaryan kang ditindakake

·         Lesan (L)         : Objek/barang/benda

·         Katrangan (K) : Katrangan ngenani wektu, panggonan, kahanan, lan sapanunggale.

Tuladha :

1.      Adik  nangis

   J        W

2.      Karto  sinau  basa jawa

  J           W         L 

3.      Siti  tuku  beras  ing warung

  J      W      L            K

 

C.     Nggatekake Tata Rakite Pada ( Struktur Paragraf ) Ing Teks Laporan Prasaja.

Jinising pada ( paragraf ) manut panggonan gagasan bakune (ide pokok) kaperang dadi telu, yaiku :

1.      Pada Deduktif, yaiku pada (paragraf) kang gagasan bakune manggon ana ing wiwitane (awal) pada.

2.      Pada Induktif, yaiku pada (paragraf) kang gagasan bakune manggon ana ing pungkasan (akhir) pada.

3.      Pada Campuran, yaiku pada (paragraf) kang gagasan bakune manggon ana ing wiwitan lan pungkasane pada.

 

D.    Teknik Nyritakake Teks Laporan Prasaja

1.      Pangucapan (lafal) kudu cetha (jelas), tegese swarane kudu banter lan cetha nalika nyritakake teks laporan.

2.      Lagu ukarane (Intonasi ) kudu trep nalika nyritakake teks laporan.

3.      Jedha kudu trep. Jedha tegese wektu kanggo mandheg sedhela sawise maca sawijining ukara kanthi mggatekake tandha pawacan (tanda baca) ing ukara kasebut.

4.      Nggatekake tandha pawacan, ing antarane : koma (,) titik (.) tandha pitakon (?) tandha seru (!) lan sapiturute.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

RANGKUMAN MATERI TEMA 3 SUBTEMA 1 PB 1-2

MATERI JOB AND OCCUPATION (PEKERJAAN DAN PROFESI)