UNGGAH UNGGUH BASA

 UNGGAH - UNGGUH BASA 

Unggah - ungguh basa (santun berbahasa ) sajroning basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama . 

a.  Basa Ngoko 

Basa ngoko kang di rembug sajroning wulangan iki mung ngenani basa ngoko lugu. Basa Ngoko Lugu yaiku basa ngoko kang ora kecampuran tembung - tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman

Panggonane :

      1. Marang wong kang sapantaran 
      2. Marang wong kang luwih enom, kayata :
        • Wong tuwa marang anake
        • Eyang marang putune 
        • Guru marang muride 
Tuladha :

  1.  Kowe apa wis mangan ?
  2.  Ibu tuku klambi batik. 
  3. Mbak Rani tuku ing kamar. 

b. Basa Krama

Basa krama kang dirembug sajrone wulangan iki mung ngenani basa krama alus. Basa krama alus, yaiku basa krama kang tembung - tembunge alus lan kecampuran tembung - tembung krama inggil tumrap wong kng diajak guneman

 Panggonane : 

  1. Marang wong kang luwih tuwa, kayata : 

  • Anak marang wong tuwane
  • Putu marang eyange
  •  Murid marang gurune

                         2.  Marang wong kang luwih duwur drajade, kayata : 

  • Abdi/rewang marang juragan/bendarane 
  • Pegawe/karyawan marang deduwurane  

Tuladha :  

      1. Panjenengan punapa sampun dhahar ? 
      2. Ibu mundhut uwos dateng peken. 
      3. Bapak kondur saking  Jakarta. 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

RANGKUMAN MATERI TEMA 3 SUBTEMA 1 PB 1-2

Nulis Teks Laporan Prasaja

MATERI JOB AND OCCUPATION (PEKERJAAN DAN PROFESI)