Basa iku minangka sarana kanggo komunikasi, kanggo nglantarake marang sawijining maksud utawa kekarepan marang wong sing diajak guneman. Basa uga dadi sarana kanggo nglairake panguneg-uneg kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunaake basa kudu trep ora kena tumpang suh, kudu mangerteni marang sapa sing diajak guneman. Mula basa iku duweni unggah-ungguh. Dene unggah-ungguhing basa iku sabenere akeh banget nanging sing lumrah digunakake iku ana 4 yaiku:
2. Ngoko alus
3. Krama lugu
4. Krama alus
A. Basa Ngoko Lugu
"Pengertian bahasa ngoko lugu adalah bahasa yang kalimatnya tidak ada yang diterjemahkan ke bahasa krama"
Wujude: Tembunge ngoko kabeh ora ana kramane.
"Pemakaian Bahasa ngoko lugu"
Panganggone:
a. Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.
b. Menyang sing kaprenah enom.
d. Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.
– Kowe mengko sore sida ngampiri aku les?
– Dhik, yen arep ndelok pameran, aku mengko tulung ampirana ya!
B. Basa Ngoko Alus
"Pengertian bahasa ngoko alus adalah bahasa yang kalimatnya ngoko kasar/lugu tetapi hanya kata kerja saja dan kamu (panjenengan) yang diterjemahkan ke bahasa krama inggil/alus"
Wujude: Tetembunge ngoko kacampuran karma inggil.
"Pemakaian Bahasa ngoko alus"
Panganggone:
a. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate.
b. Garwane priyayi marang sing kakung.
c. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan.
– Dhik, sliramu mengko nek kondur arep nitih apa? Apa kersa
– Aku mau ngundhuh pelem akeh, Panjenengan apa kersa dakaturi?
– Yen kersa mengko dakaturi sejinah.
C. Basa Krama Lugu
"Pengertian bahasa krama lugu adalah bahasa yang kalimatnya semua memakai bahasa krama madya"
Wujude: Tembunge madya (ater-ater lan panambange karma)
"Pemakaian Bahasa Krama Lugu"
Panganggone:
a. Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni.
b. Garwane priyayi marang sing kakung.
c. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajade.
– Sampeyan niku manawi kesah dhateng kantor napa taksih kiyat mbekta
– Napa ndika saking desa ngriki mawon to mas?
D. Basa Krama Alus
"Pengertian bahasa krama alus adalah bahasa yang kalimatnya semua memakai bahasa krama alus/inggil"
Wujude: Tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama) lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman).
"Pemakaian Bahasa Krama Alus"
Panganggone:
a. Wong enom marang wong tuwa.
b. Batur marang bendarane.
d. Andhahan marang pimpinane.
e. Kanca karo kanca sing durung kulina.
– Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng
– Tindak-tandukipun kanca kula ingkang naminipun Edo punika sanget.
NGUCAPAKE AKSARA SWARA
Pangucapane swara vokal sajroning basa Jawa iku ana 2 yaiku
1. Swara sampurna
(jejeg) yaiku : swara kang salugune manut unine vocal kasebut, tegese antarane
swara lan tulisane padha, umpamane tulisane i uga diwaca i.
2. Swara ora
sampuran (miring) yaiku : swara kang ora salugune tumrap unine vocal kasebut,
tegese antarane swara lan tulisane ora padha, umpamane tulisane i nanging diwaca e.
Tuladha :
No.
|
Aksara swara
|
Sampurna (Jejeg)
|
Ora Sampurna
(Miring)
|
1.
|
a
|
Alas
Lemah
Sawah
Dalan
Kali
|
Lenga
Tela
Desa
Lunga
Kutha
|
2.
|
i
|
Iwak
Kwali
Sikat
Kipas
Kopi
|
Dening
Ing
Tulis
Mancing
Bathik
|
3.
|
u
|
Prau
Numpak
Luwak
Gulu
Susah
|
Njupuk
Manuk
Rabuk
Bathuk
Kasur
|
4.
|
e
|
Srengenge
Kae
Ewuh
Esuk
Kreta
|
Leren
Akeh
Mesem
Cowek
Maneh
|
5.
|
o
|
Loro
Ngombe
Karo
Soto
Bocah
|
Rokok
Bosok
Kodok
Pelok
Debog
|
Komentar
Posting Komentar